Kamis, 10 Juni 2010

Contoh Pewara

PEMBUKAAN
Assalaamu’alaikum WR.WB

Engkang kito hormati panjenenganipun
Bp.Kepala Desa Selopa Bp. Sukro harjo
Bp. Kepala Dukuh wungan Bp.Madi
Bp. Kyai a’in
Hadhirin-Hadhirot Rokhimakumulloh.

Sepindah monggo kito aturken raos puji syukur kito dumateng Alloh SWT, engkang sampun pareng Rahmat lan karunianipun dumateng kito sedoyo. Sahinggo kito saged makempal ing majlis Pengaosan Perpisahan KKN UAY puniko.

Sholawat sarto salam monggo sami kito aturaken dumateng Rosululloh SAW engkang kito antu-antu syafa’atipun wonten ing Yaumil Qiyamah.

PEMBACAAN AGENDA
Sakderengipun acoro dipun milahi, Kulo bade maosakaen runtutaning acoro ing majlis puniko
Sepindah PAMBUKO
Kapeng kalihipun Waosan Kalam Ilahi lan Sari Tilawah
Kapeng Tigo sambutan-sambutan
Kapeng sekawan Istirohat
Kapeng gangsal pengaosan inti
Kapeng akhir panutup

PEMBUKAAN
Bapak Ibu Hadhirin Hadhirot engkang minulyo, monggo acoro ing ndalu puniko kito bikak sesarengan kanti waosan BASMALLAH/ UMMUL KITAB AL- FATIKHAH ….

MEMPERSILAHKAN SAMBUTAN / MENGISI PENGAJIAN [ucapan terima kasih]
Hadhirin Hadhirot engkang minulyo, acoro sak lajengipun inggih puniko sambutan.
Sambutan engkang sepindah sangking Ketua Panitia Pengaosan. Dumateng Bapak Madi kito sumanggaken …

Kito aturaken angungeng panuwun dumateng panjenenganipun Bapak Sumadi
Bapak Ibu Hadirin/Hadhirot Rokhimakumulloh, mekaten wau pengaosan ing ndalu puniko. Mugi-mugi kito saged mendet hikmah lan nglaksanaaken punopo engkang sampun dados aturipun Bapak Kyai.

PENUTUP
Sak derengipun acoro ing ndalu puniko kito tutup, kulo ing mriki sak dangunipun ndereaken acoro ing ndalu puniko kathah keklintuanipun kulo nyuwun agungeng samudro pangarsami.
Monggo acoro ing ndalu puniko kito tutup kanthi sareng-sareng maos TAHMID ..
Wassalaamu’Alaikum WR-WB

0 komentar:

To Use A Smiley In Your Comment, Simply Add The Characters Beside Your Choosen Smiley To The Comment:
:)) ;)) ;;) :D ;) :p :(( :) :( :X =(( :-o :-/ :-* :| 8-} :)] ~x( :-t b-( :-L x( =)) Grab Smily Gadget

Posting Komentar